Estetika Bahasa dalam Puisi Jawa

 Estetika Bahasa 

wonten ing puisi Jawa modern utawi sinebat Geguritan menika saged kaperang dados 2, inggih menika Purwakanthi saha lelewaning basa. ing ngandhap menika badhe kandharaken purwakanthi saha lelewaning basa ing salebetipun Geguritan.

> Purwakanthi Basa

  • 1. Purwakanthi guru swara, 
tetembungan ingkang sami swantenipun 

Tuladha : Gemi setiti, ngati-ati (i)

  • 2. Purwakanthi guru sastra, 
tetembungan ingkang sami aksaranipun (konsonan);
tld. sapa salah sèlèh (s)

  • Purwakanthi lumaksita/guru basa, 
wontenipun tetembungan ingkang dipunambali malih wonten ing pérangan salajengipun (wingking); 

tld. wujuding katresnan suci, sucining ati nglilakaké jiwa


> Lelewaning Basa
  • Anadiplosis: Ngambali tembung ing pungkasaning gatra


  • Anafora                : ngambali tembung ing saben wiwitaning lari
Tuladha :
klawu

klawu wayah iki
klawu mega mendung
klawu dadi tatu
klawu iku awu
(dening: Kharismap)
  • Antanaklasis      : ngambali tembung ingkang sampun kasebat ing seratan sadèrèngipun nanging kanthi teges ingkang béda
tuladha
Pari uwi sing mular 
Cabar kesasar mangsa sing sigar 
Ya sigar sing sigar 
(Djaka Lodang no.05 tanggal 05 Juli 2014) 
  • Asonansi: ngambali swanten utawi vokal ingkang sampun kasebat ing seratan sadèrèngipun
tuladha :
Yèn lagi nampa coba 
Sapa waé bakal krasa lara 
Ora kaya nalika lagi cekel panguwasa 
Sruwa-sruwi katon bisa 
Nggayuh bandha lan rajabrana 
Mongkog nampa pangalembana 
Mula aja gampang deksiya 
Marang sapadha-padha 
(Djaka Lodang no.21 tanggal 19 Oktober 2013)  
  • Epistrofa inggih punika ngambali tembung ing saben pungkasaning gatra/larik utawi saben pungkasaning ukara ingkang sampun kasebat ing seratan sadèrèngipun 
Prabéda iku Nugraha 
Sruwa-sruwi sarwa prabéda 
Priya wanita iku prabéda 
Rina wengi uga prabéda 
Tangan kiwa-tengen prabéda 
(Djaka Lodang no.17 tanggal 27 Septembér 2014)
  • Kiasmus Kiasmus inggihpunika ngambali tembungi ngkang sampun kasebat ing seratan sadèrèngipun minangka inversi sesambetan antawisipun kalih tembung ing satunggaling
Tuladha :
Sejatiné sliramu lan sliraku iki sapadha titah 
Titah kang remen manembah marang kang 
Acecipta Généya kaya ora ana tepa slira 
Aku mangerti yèn uripmu ora cukup mung krana nyenyawang 
Mesthi waé sliramu butuh mangan, anyukupi butuhé anak putu 
Iku tan béda klawan sliraku 
(Djaka Lodang no.37 tanggal 14 Pebruari 2015) 
  • Epizeukis inggih punika ngambali tembung ingkang sampun kasebat ing seratan sadèrèngipun sipatipun langsung, inggih punika tembung-tembung ingkang kaanggep wigati kasebat langkung kaping setuggal.
Tuladha :
Atiku rinujit Rinujit déningtangan 
Tangan pengkuh kang tega 
Tega milara 
(Djaka Lodang no.03 tanggal 21 Juni 2014)
  • Epanalepsis inggih punika ngambali tembung sepisanan saking setunggal gatra/larik lajeng tembung kalawau dhawah ing pungkasaning ukara.
Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu
Menawa drijiku wis kithing amarga paling gething ngasah lading ngisahi cething. 
Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu
Menawa kupingku wis budheg amarga ora peduli yèn Wong Tuwa lagi bunek 
 Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu
Menawa mripatku wis wuta ora nggrahita susahé Wong Tuwa 
 Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu
 Menawa tanganku wis céko ora naté nyuntak wédang njero téko 
 Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?  

Komentar

Postingan populer dari blog ini

serat Jawa XI MIPA/IPS

Prajurit/bregada keraton

Kajian naskah secara kodikologis