Serat utawi nawala inggih punika basa ingkang dipunaturaken ngginakaken seratan utawi salah setunggaling piranti komunikasi ingkang awujud seratan utawi setunggaling sarana kanggé sambet ginem/komunikasi ingkang wujud sinerat/ tinulis. Miturut basa, wos, sipat saha asalipun, serat saged kapérang dados sekawan, inggih punika : 1. Serat (serat) resmi, 2. Serat (serat) dinas, 3. Serat (serat) niaga, 4. Serat(serat) pribadi. Serat resmi, dinas, lan dedagangan temtunipun ngginakaken paugeran ingkang gumathok gegayutan kaliyan kedinasan. Béda kaliyan serat pribadi. Serat pribadi punika wujudipun kadosdéné serat limrah. Ingkang dados pratandhanipun menawi serat punika kalebet serat pribadi inggih punika...
Maos Aksara Jawa kedah nggatosaken paugeran aksara Jawa. paugeran menika saged dipuntingali wonten ing flipbook dwija / bahan ajar aksara jawa menawi sampun mangertos, salajengipun dipunalihaksara ing seratan latin, samangkih langkung gampil anggenipn ndudut isi ing salebetipun wacana aksara Jawa. sumangga kangge gladhen, para siswa saged nggarap/gladhen aksara Jawa menika : menawi sampun dipunwaos dipunlajengaken dudutan saking isi wacana menika.. lajeng pendet menapa ingkang dados moral ing salebeting wacan
Komentar
Posting Komentar